Katisen

Diposting oleh Pustaka Online

Inyong duwe kanca sekang Inggris. Najan mung kanca nggleweh (chatting) neng "jalasambung" (=internet), ningen koh kaya ana sing ilang nek suwe ora ketemu. Nek dietung-etung wis ana 3 wulan ora nggleweh bareng. Bola-bali tek jajal nyambung koh ora teyeng-teyeng. Apa wis mblenger karo nyong ya?

Wingi sore, nyambi medang kopi lawuh getuk sekang muntul, nyong maca koran Inggris sing jenenge guardian.co.uk. Candak kata, ana kabar jere akeh wong sing pada mbalik mlarat sebab kademen. Mangsan adem sing seuwen-uwen marekna wong ora teyeng nyambet gawe. Kang John wis pirang dina ora ngode macul. Uwa Lennon mareni gole dodol cau sebab langka sing tuku. Duite suwe-suwe pada entong, sebab ndina-ndina gaweane mung madang karo ngringkel tok.

Wengine nyong nemu kabar, kancaku sing sekang Inggris kuwe ora tau glewehan sebab ora olih listrik. Setrume dijabud sebab ora kuat mbayar. Listrike boros nggo nguripna pemanas umah sing kudu urip 24 jam. Siki deweke malah wis ngobongi meja korsi nggo urub-urub ben anget. Ningen tekan kapan?

0 komentar: