Angin Lisus

Diposting oleh Pustaka Online

Udan barat karo angin lisus neng mBanyumas wis nekakna korban. Paling setitik ana wong loro sing ninggal, akeh umah sing payone pada kabur lan keblaburan. Kayane siki musibahe wis dibagi rata, penjaluke panginyongan jane supaya makmure sing rata, ningen koh sing kesembadan beda. Takon kepriben? Tanya kenapa?

Weruh akeh musibah, atine inyong krasa lara, trenyuh, miris lan kuatir nemen. Kepengin nulungi, ningen bingung kepriwe carane. Arep melu urunan, duite karo utange esih lewih akeh utange. Akhire nyong mung teyeng ngelus dadane dewek karo dadane bojone.

Moga-moga sing kenang musibah pada tabah,aja nganti peteng atine. Sing pada slamet lan ana kelewihan, mayuh pada ngrewangi dulur kabeh. Slaman, slumun, slamet.

0 komentar: