Maling Bocah

Diposting oleh Pustaka Online

Maling bocah sing tek sebut kiye dudu maling sing esih bocah, ningen maling sing kusus nyolong bocah.Jan-jane nek sing decolong kuwe bocah sing gaweane mabok, ngepil, gelutan utawa ugal-ugalan sih ya ora papa. Ning koh sing decolongi malah bocah balita utawa bayi, kuwe sing wis kebangeten. Nyong melas karo bocahe lan rama biyunge, mbanjur bocah sing decolong kuwe arep nggo ngapa jajal? Apa enggane areg digawe cimplung?

Tek mat-matna kayane koh kedadean bocah ilang tambah akeh. Inyong karo rika pada kudu ngati-ati gole njaga anak utawa adine sing esih cilik. Pulisi sing duwe ngilmu nggo nangani kejahatan kudune lewih tanggep. Manute nyong, kiye dudu kejahatan biasa, ning wis temata banget. Malah-malah ana juragane ndean. Bocah-bocah kuwe diapakna ya kudu dislidiki temenan. Primen jajal nek anake pulisine sing dicolong?

0 komentar: